Tegesipun: Hei wong-wong kang padha iman, padha taqwaha marang Allah kanthi sejatining takwa, lan aja padha tilar donya kajaba kanthi keadaan Islam (QS. Ali Imran: 102).
Salah satunggaling wujud takwa ingkang saged kita lampahi menika tresna dhumateng Kanjeng Nabi lan bungah-bungah kaliyan wulan Maulid, wulan kelahiranipun Kanjeng Nabi ing donya.
Awit sedaya makhluk ingkang dipun cipta dening Gusti Allah boten saged ngungkuli kamulyanipun Kanjeng Nabi. Mila, wulan kelahiranipun niku kalebu bab ingkang mulya.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Ing dinten Jum'at menika, kita sampun mlebet wulan Rabiul Awal ingkang dipun sebat wulan Maulid Nabi. Kathah tiyang ingkang ngerayakaken Maulid amargi bungah kaliyan Kanjeng Nabi. Antara sanese perayaan Maulid kados dene maos Barzanji, Diba'an, sejarah Rasul lan sak piturute.
Senajan mekaten, ngerayakaken Maulid kedah miturut aturan agami. Tegese, perayaan menika kedah diisi kaliyan amal kesaenan, lan boten saged diisi kaliyan perbuatan ingkang munkar, maksiat ingkang kesasar lan nyasarake. Sebab, Gusti Allah lan para Malaikat maos sholawat dhumateng Kanjeng Nabi. Gusti Allah paring dhawuh:
إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
Tegesipun: Sanyatane Gusti Allah lan para Malaikatipun moco sholawat dhumateng Nabi. Heh wong-wong kang padha iman, padha maos sholawat dhumateng Nabi lan ucapna salam dhumateng Nabi. (QS. Al-Ahzab: 56).
Ayat menika negesaken menawa Kanjeng Nabi kagungan keistimewan ingkang boten dipun gadahi makhluk sanes, ngantos nampi sholawat lan salam saking Gusti Allah lan para malaikatipun.
Baca Juga: 6 Doa Maulid Nabi Lengkap: Tulisan Arab, Latin, Artinya
Jamaah Jum'at ingkang kinurmatan,